URIP KUWE KUDU ATI-ATI


Menungsa urip kudu ati-ati, aja go dolanan lan aja ngrumangsani. Jare wong gemien, ngomong."Menungsa kuwe cangkeme, Jaran kuwe kendaline." Cangkem kudu dijaga, emang sih yen ora kaya kuwe akeh intropeksi sedurunge ngomongi wong. Aja nglarani, aja miwiti.
       Ana maning sing gawek nyusahi wong sekabehane. Apa kuwe." Enak sekelenteng, Tiba setiga rendeng." Apa maksude? Maksude kudu bisa jaga awak, jaga sekabehane. Aja enake tok, tapi kudu due tanggung jawab. Sampean paham urip nang kampung. Akeh sing ora seneng ketimbang sing seneng.
       Enyong ya sing biasa urip nang dalan ngrumangsani akeh wong-wong sing pada apik, tapi ora bisa jaga awak, kudune akeh bergaule. Urip yen bermasyarakat kudu ndueni unggah ungguh, yen ora bakal celaka. Gusti Allah ya ngerti sapa-sapa sing pada nukari sedulur seiman. Aja dadi wong sing hebat, dadi wong paling bener. Digawek bener be kadang disalahna. Sampean kudu ngerti urip nang dunia tujuane apa? Gusti Allah nyiptakna menungsa, eben menungsa kudu paham lan gelem nglakoni ibadah. Aja kosi klalen. Semut be ngerti urip bareng. Ora pernah nglarani batire. Gelem luruh mangan bareng-bareng. Karna tujuane bareng-bareng mangan. Ora mecohi kanca.

       Kudune pada mikir kesalahan apa sing pernah dilakoni. Sampean ya mesti isin yen masa tuane nyusahi wong sekabehane. Aja pada ngrasani, nglarani, lan nukari. Kudu bisa remojong. Ngajak brayan, kuwe tujuan urip sing bener-bener apik. Ora due dosa lan beban. Pengin mati syahid tapi urip durung bener. Enyong ya kadang rumangsani. Enyong ya sering akeh salah. Tapi enyong ya mikir. Golet sedulur kuwe angel, golet musuh kuwe gampang. Wes wayahe pada mikir go nang akherat, aja golet maksiat. Urip bakal mlarat. Wes tak jabarna sekabehane. 

Gawean: Valiant Dita Reynaldi
      

Komentar

Posting Komentar

Postingan Populer